alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK LONTHANG


KANG SINEKAR LONTHANG 

  1. Sun ngrupaka tinembangan, lonthang lonthang, kang den anggit, ing lakune lebe lonthang lakune saking bang wetan.
  2. Pengajine nora den gurayang pisan, sembayange pan nora den ambah pisan, itabipun, den gaweya wawayangan.
  3. Klebutipun gen gawe umpaking diyan, ateteger pinggir pasar, cecongklangan sambi wuda, atetegar tanpa jaran.
  4. Mung konthole gegamberna, gegamberan mung duweke beranga, geng apanjang, lagi tangi yen dinulu thetholangan.
  5. Wong sapasar padha geger, apuyengan, lebe lonthang den arani ing wong buyan, lebe lonthang angucap aderengesan.
  6. Ingsun iki kepengina, ulah paesan, sokur sewu, oleya rabi perawan, jer bojku wis kempong kaya ingwang.
  7. Nadyan tuwa jibusku misih brengkayang, kula estri sapasar padha puyengan, lebe lonthang nyander ngajak sosodoran.
  8. Kang den sander padha kaget, kamigilan, lebe lonthang angucap aderengesan, sajatine tanana estri lan lanang.
  9. Iya iku, pangrenahe lebe lonthang, bok iyaa bak ayu dadi timbangan, gok gelema, ingsun ajak sesodoran.
  10. Barakane ingsun wuruk, pepethesan, lebe lonthang padha goleng bang den guyung, ing adon-adoni bikang.
  11. Kang dol bikang, anggitiki sru dikayang, lebe lonthang guguthule saya ambapang, nora mari malah nesu, anerajang.
  12. Kados bikang lumayu kajengkang-jengkang, suka-suka lebe lonthang, jejogeda nsarwi tanjak, pacak gulu tatayungan.
  13. Suwe-suwe jibus metu jeneng lahang, lebe lonthang dudu pasar lelembeyan, lebe lonthang munggah masjid cecawetan.
  14. Nabuh bedhug durung mongsa, dipun tembang, kyai modin kang sembayang, angarani ing wong edan, tuwa ano kagegeran.
  15. Lebe lonthang angucap sambi ambatang, labeh iku padha luput ambayang, mongsa kaya sembayange Lebe Lonthang.
  16. Lebe lonthang sembayange pepthingan, lebe lonthang bocah branyak kadurusan, tanpa gawe salat tan wruh pernah ing Hyang.
  17. Kyai Modin ngucap sawi kadhungsangan, Lebe Lonthang den arani ika edan, Lebe Lonthang medhun masjid tetayungan.
  18. Lebe Lonthang cucul mari cecawetan, kadi wau briga-brigi tholang-tholang, Nyai Lebe Lonthang mara, mapag dalan.
  19. Sampun porot, susune leber lir diyan, Nyai Lonthang kebene lungsuran salang, sinjangipn lungsuran jala tambalan.
  20. Pan kapapag neng marga banjur rangkulan, sakarone padha kangen bung-ambungan, Lebe Lonthang dhogole meksih beranang.
  21. Nyahi Lebe murina nasabi sinjang, kang nunurat pan gumuyu, tanpa rowang, guynipun tegese den etang-etang.
  22. Sun watara tan beda kang, darbe layang, buh benera buh sisip denya ambatang, pembatange kang nerat kang darbe layang.
  23. Laku samar, tarapane lebe Lonthang, bener luput kang nerat darma tumandang, sampun titi ingkang ngaran Suluk Lonthang.

@@@

SERAT MIKRAJ


  1. ││bismillahirrahmanirrahim alahmdulillahirabbilalamin washalatu wassalamu alaa Rasulihi Muhammadin waalihi washabihi ajmain ama badu ana pon sasampuni amuji ing Allah lan amuji ing Rasullulah shalahualaihisalam lan kulawargane lan shahabate sakabehe Abuhu Masud anerat ing cariyos punika kalayan basa Jawi dara pon ngartos ingkang boten ngartos basa ngaji kalayan muga-muga angsala pangapuraning Allah taala lan syapangat kanjeng Rasullulah shalahualaihisalam ingkang anerat kalayan ingkang amaca lan sababehe ingkang amirsakaken ing cariyos punika saking bagendha Abas radhiyallahualaihisalam nalika ing mraj ingkale alinggih ing misbar Masjid Haram pinarek dening para shahabat kalayan para jahamad kaliyan nabiyu shalahu││
  2. ││alaiwassalam asholatu insun rong rakangat salam ing malem itsnai tanggal pitulikur saking wulan Rabiul awal bada ing shalat munggah ingisun ing paturon isun nedha teturon nuli teka ingisun Malaikat Jabarail iku anggen nenggon kopeyah destar kulambi lan dodot ingkale padha acahya la nana sato sawiji luwih bagus lan mencorong cahyane oranana ing dunya iki sato kang kadiya mangkana lan aweh salam uga maka gelis-gelis anyahuri ing salame karone iku nuli ngucap Malaikat Jabarail “ya Muhammad kakasihing Allah – lan dening Allah taala minggah dhateng langit aningala tuwan ingalahe lokaning Allah taala lan punika anggen nenggen saking sara tuwan anggeya lan││
  3. ││tunggangan saking Sawargi tuwan lan punika ayat Pamanullag taala ing dalem Quran” maka nuli amuji alahamdulillah lan gelis-gelis ananggapi isun ing anggon nanggon iku nuli sun enggo pisan lan ayat ing dalem Quran iki ayate “subhanallazi asrai biabdihi lailan minal Masjidil Haram ilal Masjidil Aqsha allazi baraknaahu linu riyahu minal ayatina innahu huwas samiul basher” maka nuli amarani isun Burak iku ingkale Malaikat Jabarail iku anyekeli ing kundhaline lan Malaikat Mikail iku anyekeli ing ababahe maka nadya sun tunggangi Burak iku takdiring Allah taala sun tunggangi mangka sakabehe Malaikat iku padha duka cingtane maka ngucap Jabarail “kana apa sira ora gelem tinunggangan dening – subhanahu alaihiwassalam apa ta sira ora kaweruhi yen Nabi Muhammadiku kakasihing Allah taala lan kang sineli – para nabi kabeh” maka nuli matur││
  4. ││Burak ingkale suwarane iku aris lan gumeter awake saking sanget wedine ing Jabarail ature “ya akhi Jabarail boten pisan kawula yen lumunga tinunggangan ya ning kakasihing Allah kula ajeng nunuhun jangji rumuhun ing Nabi Muhammad shalahualaihisalam benjing ing dinten qiyamah Nabi Muhammad shalahualaihisalam mugiya sampun anitihi Burak sanes saking kawula sapuniku panuhun kawula dhateng tuwan karna tuwan kang sinelir kang minulyakaken dening Allah taala ing dinten qiyamah kang linewihaken saking para nabi sedaya” ing sapangan nuli meneng isun sasamat anenedha ing Allah taala mugiya andulurana ing panenedhaning Burak ing tuwan maka nuli ngucap Jarail “ya Muhammad age tuwan titihi Burak punika sampun hambah nyekel ing kundhaline lan Mikail anyepengi ababahe” maka nuli gelis-gelis isun iku anunggangi ing││
  5. ││kale anyekeli isun ing sawiwine karo maka nuli Jabarail iku amemekas ingisun “ya Muhammad tuwan lumampah saking Mekah dhateng Betal Muqadas lawan amiharsa tuwan suwara kang saking tengen tuwan sampun – lan suwara kang saking kiwa sampun tuwan sahuri “ maka nuli bubar sawiwine Burak iku ingkale den iberaken isun iku kaya kilat malah-malah ora ningali isun ing dhiriningisun nuli angrungu isun ing suwara kang tengen isun ujaring suwara “ya Muhammad sapa rowang tuwan lumampah” iku ora sun sahuri sun tingali pon ora karna wus ana wewekase Jabarail nuli ana suwara kang saking kiwa nisun ujare iya kaya kang kang dhihin iku iya ora sun sahuri sun tingali pon ora nuli ketemu isun lan wong wadon sawiji ngadeg ing pinggir dedelan ing kaluwih owah rupane lan luwih wangi ambune nulu ngucap wadon iku “ya Muhammad tuwan kendela sasangat rumuhuin hambah aneng wawartos ing tuwan” iku ora sun││
  6. ││andhegi sun sahuri pon ora maka nuli teka isun ing Betal Muqadas awatara lalakon telung wulan den iberaken isun dening sakedhap betah pon oral an ana Malaikat Jabarail wus ana ing kene lan sartane Malaikat iku kabeh ingkale padha awe salame Malaikat iku kabeh ingisun mala nuli gelis-gelis isun amangsuli salame Malaikat Jabarail iku anggawa nanampan sawiji ingkale luwih bagus cahyane la nana ing dalem nanampan iku tutuwung papat kang sawiji ahisi puhan kang sawiji ahisi madu kaping telune ahisi sajeng kaping pate ahisi banyu ingkale angucap Malaikat Jabarail iku ingisun “ya Muhammad tuwan pilih punika inum-inuman sakarsa tuwan – ing saka sawijine tuwan dhahar” maka nuli sun pilih ing tutuwung kang ahisi puhan maka isun inum pisan kari saddhidhik ora sun entekaken pisan nuli angucap Jabarail “ya Muhammad yen telasa tuwan dhahar puhan││
  7. ││punika yakti umat tuwan manjing Swarga kabeh” nuli gelis-gelis sun alap maning puhan iku sun entekaken maka ngucap Jabarail “ya Muhammad yen tuwan telasena pan umat angrahan panasing api Neraka karna pangandikaning Allah taala ing dalem Quran Wa inna minkum illa wari duhakana ala rabbika haitan maqdhiyan anapon inum-inuman sajeng punika sampun haram ing tuwan lan umat tuwan” maka sawuse iku atetemu isun lan Nabi Isa alaihisalam iku ing salame karone iku ingisun maka nuli angucap karone iku ingisun “ya Muhammad kaliwat – luwih Pangeran lan kamulyaning Pangeran dhateng tuwan kalayan hambah langkung suka bagja – papanggih kalayan tuwan kerna hambah boten – kagunganing Pangeran kamulyaning Pangeran kang ingkang sanes saking tuwan” maka sawuse iku ││
  8. ││Jabarail atakon ingisun “ya Muhammad wonten ta amiharsa sewara tuwan ing margi” maka ujar isun “iya” mangkene ujare “ya Muhammad sapa rowang tuwan” ing margi lumaku iku ora pon sun sahuri sun tingali pon ora nuli ana maning suwara kang saking kiwanisun ujare iya kaya suwara kang saking tengen nisun pon ora sun sahuri sun tingali lagi ora nuli ana wong wadon siwiji ing pinggir dedalan angandegaken ingisun ingkale wadon iku luwih becik rupane lan luwih wangi ambune ujare mangkene “ya Muhammad tuwan angantiya ing kawula ayun wawartos kang langkung sae ing tuwan” iku ora sun sahuri sun tingali pon ora maka nuli angucap Jabarail “ya Muhammad sakalangkung ing bagja tuwan lan umat tuwan yen ta sahurana suwara kang saking tengen punika yakti umat tuwan dados Yahudi karna suwara kang saking tengen punika panguwuh uwuhe bapa biyanging Kapir suwara kang saking kiwa punia yen tuwan sahuri yakti umat tuwan dados Nasrani lamon││
  9. ││tuwan sahuri wong wadon punika yakti sakabehe umat ngabekti ing Allah taala karna dunya boten asih ing allah sebab wong wadon punika dunya” nuli angucap isun “Alhamdulillah” maka sawuse iku angucap Jabarail lan Mikail “ya Muhammad tuwan angalapana toya wudhu saya tuwan manjing ing Betal Muqadas ashalat kalayan Malaikat sedaya” nuli maka anadya awudhu maka anemu isun iku ing banyu la nana ing pinggiring banyu iku watu sawiji maka sun iku nadya angidek ing watu iku taqdiring Allah subhanauwataala watu iku malengkung adhuwur ora gelem sun adeki maka angucap isun ing watu iku “ya luwih watu apata ora gelem sira sun adeki” maka matur watu ikuy ingisun ingkale becik suwarane atuyre “ya Muhammad ya nabi ya Allah boten nadya pisan-pisan kawula yen lumuha tuwan adeki hamba ajeng nenuhun ing tuwan hamba wonten ngariki sampun sewu tahun sakehe sukuning manungsa wawasuh ingidek ing hamba samangke kawula sampun tuwan idak mugiya││
  10. ││sampun kongsi kahidek malih denik titiyang sanes saking tuwan” maka nuli nenedha isun ing allah subhanahuwataala muga-muga anuruta ing sapenedhaning watu iku maka sun tingali watu iku suka cingtane …. Den kencengaken awake nuli angidek isun ing watu iku ingkale hambil banyu wudhu maka sawuse iku manjing isun ing Betal Muqadas ingkale kinarya imam dening para nabi lan nuli shalat isun rong rakangat salam sawusing bada shalat metu isun saking Betal Muqadas sun tingali watu iku wus ana ing awing-awang kalawan taqdiring Allagh subhanahuwataala maka ngucap Jabarail ingisun “ya Muhammad age tuwan titihi malih Burak punika“ ingkale Jabarail anyekel kundhaline lan Malaikat Mikail iku anyekel ababahe maka nuli gelis isun iku anunggang maning lan sun cekel Burak iku sawiwine karo nuli gelis-gelis isun den ababar elare iku sarta isun iberaken kadi kilat ibere maka-maka ora aningali isun ing dhiri isun maka nuli anenuwi sun iku ing watu kana ran Syajatumuqadas la nana ing atasing││
  11. ││ watu iku jamjam saking emas kaliwat luwih becike warnane lan ana sirahing jamjam iku ing langit orana wong sawiji angaweruh anging Allah subhanahuwataala maka nuli angacap Jabarail isngisun “ya Muhammad tuwan tumedha rumuhun ing sela punika” maka nuli mudhun isun ing watu iku nuli angucap Jabarail “ya Muhammad tuwan shalata rumuhun kalih rakangat salam” maka nuli shalat isun rong rakangat maka nuli angucap Jabarail iku ingisun “ya Muhammad tuwan minggaha dhateng jamjam” maka nuli munggah isun ing jamjam maka sun tingali Syajatahumuqadas iku wus aneng dhuwur isun ingkale matur ingisun ature “ya Nabi Allah hamba rumuhun ing tuwan mawon kenging hamba ewuora kalayan sakehing sela ing swargi nyat isun iku seneng sasanget” nuli ngucap Jabarail ingisun “ya Muhammad kerana punapa tuwan kendel punika papan tuwan sampun sinungan nugraha dening Allah taala tandha tuwan kang kinarya wiwitane sakehe kadadadosan Bumi langit loh alam ngaras kursi sawarga neraka pon dinadesaken asal saking tuwan punapa kang dados wawamenging manah││
  12. ││yen tuwan sanggemana aturaning sela punika” maka nuli angucap isun “insya Allah taala he sahabatku Muqadas wus sun tedha sira ing Allah taala dadiya watu sawarga” maka watu iku suka cingtane maka nuli isun den gawa dening jamjam iku dadi kilat lakune nuli teka isun ing segara ijo ingkale kaliwat luwih jembare nuli takon isun iku ing Jabarail “ya akhi Jabarail segara punapa iku arane” nuli ngucap Jabarail ingisun “ya Muhammad segara punika segara Nun wastane antaring dunya kalayan langit”  maka liwat isun saking iku langit kapisan sun tingali langit iku manikem kang ahijo lan arane langit iku Ngajaba lan kandele langit iku awatara lalakon limangatus tahun pon samono uga mangka Jabarail anguwuh-uwuh ing malaikat kang tunggu lawan iku “ya Ismangil wengakena lawang iki”  nuli sumahur malaikat iku “sapa anjaluk lawang iku”  sumahur Jabarail “isun Jabarail” maka angucap maning kang tunggu lawang “iku sapa rowang tuwan iku” sumahur Jabarail “Muhammad kakasihing││
  13. ││Allah subhanahu wataala rowang isun tinulis ing lawang langit iki” nuli angucap Ismangil iku “Alhamdulillah” ingkale gelis amengakaken ing lawange iku nuli manjing isun iku sarta Jabarail ingkale isun iku wus ucal saking jamjam nuli gelis-gelis Malaikat Ismangil iku aweh salam ingisun ingkale luwih becik suwarane salawasisun dangu angrungu suwara kang kadi mangka nuli gelis sun jawab sdalame isun tingali Malaikat Ismangil iku rupane kaya sapi ingkale angucap “Alhamdulillah bagja hamba apa panggih kalayan tuwan” maka nuli anginekake ing lawang malaikat iku sun tingali malaikat kang anginep iku pirang-pirang malaikat orana kang anglerahi ing akehe anging Allah subhanahu wataala kang angawikani ingkale padha amaca tasbehe mangkene tasbehe “subbuhun qudusun rabbuna warabul malaikat warruh qudusun kirabbil ala subhanal aala” lan angurungu maning isun tasbehe Ismangil mangkene tasbehe “subhanalaila subhanaman bisa││
  14. ││kamitshili syaiun wahuwassamiul bashir” maka liwat isun saking iku atemu isun kelawan Nabi Adam alahisalam lagi amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhana khiliqizadhali subhanal wajhilghaniyi subhanal adhimi wabilhamdih” maka nuli sun iku awe salam lan gelis-gelis salami sun iku den sahuri nuli angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih kamulyaning taala dhateng tuwan” maka angucap isun “Alhamdulillah” nuli atakon isun ing Jabarail “ya akhi Jabaral punapa sadyane Nabi Adam alahisalam iku” sumahur Jabarail “ya Muhammad sadyane punika angadhang rohe anake putune lamon dhateng nyawaning wong mukmin maka eca manahe lan suka cingtane karna pangandikaning Allah taala ing dalem Quran kalla inna kitabal abriralafiliyina ramaadyakama iliyunkitabun yashaduhu muqarribuna lamon dhateng nyawaning kapiran duka cingtane sarya ngandika sira iku wong cilaka doraka nuli binarunghulukaken malih dinokokaken ingsoring pitung bumi karna pangfandikaning Allah ing dalem Quran kalla innakitbal fujjari lafi sijjina││
  15. ││wanna ahyaka masijjinakitabun marqumun walulyaumizin lilmukadzibin” naka liwat isun saking iku nuli anemu isun iku wong siniksa lambene lambening onto padha den cekeli lambene iku dening malaikat den sered den engatoken sarya den ancuri tambaga ajur nuli mabrol wetenge wong iku daginge pating samubaran nyata anjerit-jerit wong iku nuli takon isun ing Jabarail “apa dosane wong iku” nuli sumahur Jabarail “ya Muhammad dosane puniku nedha artane anak yatim lan sasamaning Islam ingkale anganiyaya duking dunya – pangandikaning Allah taala ing dalem Quran innalazina ya kuluna amwalihil fibuthunihim naran wayshlauna sairan tegese satuhune wong kangamangan ing artane wong iku kabeh kalawan anganiyaya maka ana ing jerone wetenge wong iku apa neraka lan pinanjingaken ing neraka Sangir” sawuse liwat saking iku anemu maning isun ing wong siniksa wong wadon den gantung sungsang lan den canthel papandhile susune iku kalawan rante saking neraka tur gantholi watu gedhe awatara││
  16. ││sagunung nyatane nagis wong iku anjerit-jerit nuli takon isun ing Jabarail “apa ta dosane wong iku” nuli angucap Jabarail “ya Muhammad wong puniku dosane amaronsih ing lakine asih ing lanang liyan la _ angruntuhaken wewetengan” sawuse liwat isun saking iku anemu maning wong siniksa den cekeli lambene dening malaikat den angapaken cangkeme iku den lolohi api neraka kaya cacing nyata anjerit wong iku kepanasen mala-mala lebur wetenge iku den pangan dening api neraka nuli takon isun ing Jabarail “punapa ta dosane wong iku” sumahur Jabarail “ya Muhammad dosane wong puniku anitiyasa amangan haram kang wus mupakat harame” sawuse liwat isun saking iku anemu maning ing wonginiksa cangkeme den turuhi tembaga ajur umub ing jerone cangkeme nyata anjerit-jerit wong iku nuli isun ing Jabarail “apa ta dosane wong iku” sumahur Jabarail “ya Muhammad dosane wong puniku anginum sajeng wonten ing dunya dereng tobat” nyata liwat isun saking iku anemu maning ing wong siniksa wetenge iku anglemburuk kaya gunung sarta││
  17. ││dene rante lan api neraka nyata wong iku kalumah angadhang-adhang sun tingali rarahine wong iku ireng kajumus dening api neraka nuli takon isun ing Jabarail “punapa ta dosane wong siniksa punika” sumahur Jabarail “ya Muhammad dosane wong puniku katungkul dening damelan lali ing Allah taala” nuli lewat isun saking iku anemu maning wong kang lagi sisiksa lambene den sered dening malaikat teka ing dalan sukune ambune amis abacin metu nanwuk uler saking cangkeme nuli den turuhi tambaga ajur saking neraka nyata wong iku aniroka-roka anjerit-jerit nuli takon isun ing Jabarail “punapa ta dosane wong puniku” ing dalem dunya dengki hasud manaped kalayan anitiyasa angadu-hadu ing samine Islam sawuse liwat saking iku aningali isun wong isun wong kang lagi sisiksa padha den sesered dening malaikat den delehaken ing asah-asah kang kadhang kaliwat luwih jembare asah-asah iku api neraka murub kaliwat luwih gedhene urube nyata pinangan wong iku kabeh dening geni iku pating salayah padha anangis││
  18. ││anjerit nuli geseng awake iku dadi areng nyata takon isun iku ing Jabarail sahure Jabarail “ya Muhammad dosane wong puniku padha anglarakaken atine wong tuwane karo ingkale dereng wonten pangapura bapa biyange” maka liwat isun saking iku nemu maning isun wong siniksa padha den rante gulune kalawan rante api neraka ingkale mubal urub nyata wong iku kalubukan sadyane arep melayu ora kuwasa melayu nuli takon isun ing Jabarail “punapa ya dosane wong puniku” adhemen ing kabecikaning wong dheweke boten andya pisan-pisan agawe kabecikan ing padhaning Islam sawuse liwat isun saking iku ningali ing malaikat roro ingkale menebeni gedhene sami gunung kembar rupane ing matane kaya mataning kucing suwarane kadi gelap kang anamber – metu kulus pangerite kadi gusuh sarwi anggawa gadha wesi saking neraka lamon ta den pukulena ing gunung gedhene iku yakti lebur gunung iku dadi awuh lamon den kumpulena sakehing ejin lan sakehing manusa dikon││
  19. ││anggawa ing gadha iku ora kagawa saking gedhene nuli takon isun ing Jabarail “punika malaikat sinten wastane lan punapa ta gawene nggawa gadha punku” sumahur Jabarail “ya Muhammad puniku Malaikat Munkarun wa nikarun wastane damele andhatengi titiyang padha kang nembe den qubur dipun periksa den takeni lamon boten ajawab wong puniku ing patekake malaikat puniku yakti dipun gadha dados jembar apadhang kubure wong puniku” nyata takon isun ing Jabarail alaihisalam “ya Muhammad shalahualaihisalam abane puniku wamabuka waman abiyuka wamadinuka wama amanuka wama qiblatuka wama ikhwanuka ya akhi Jabarail ya Muhammad kapara pun qala jawabe ya Muhammad jawabe puniku Allah Pangeran kawula Nabi Muhammad shalahualaihisalam nabi kawula agama Islam kawula Quran imam││
  20. ││kawula Kabah Allah kiblat kawula wong Islam lanang Islam wadon wong mukmin lanang mukmin wadon sanak kawula punika jawabe kang salaman saking siksana malaikat puniku” maka amuji isun ing Allah subhanahuwataala Alhamdulillah lan angrungu isun ing tasbehe malaikat roro iku mangkene tasbehe “subhanaqadiril muqtadir subhana muntaimi subhana maliki alimi” maka liwat isun saking iku anemu ing ayam sawiji kaliwat luwih putihe warnane cecengar angure sirahe iku ijo ingkale amuji ing Allah subhanahuwataala kaliwat becike suwarane mangkene pujine “subhanaman tusabbihu rububifialaihi salamjariha subhanaman tusabihuthuyuri fiauqoriha subhanaman tusabbihu lahu luhustu fi akhlakiha” nuli takon isun ing Jabarail “ayam punapa punika kaliwat luwih becike suwarane iku” ngucap Jabarail “ya Muhammad punika ayam panutaning ayam dunya lawan kawuwuluruk ayam punika sakehe ayam dunya sami nyahiri kawuwuluruk” maka liwat isun saking iku aningali ing malaikat sawiji sawiwine││
  21. ││kang sasisih iku geni sawiwi kang sisih iku banyu lan ora mati geni dening banyu lan ora panas banyu iku dening geni ingkale amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanaman jalaqa bainayadaihi” nuli takon isun ing Jabarail “sapa malaikat punika wastane” sumahur Jabarail “ya Muhammad punika Malaikat Israfil panguluning sakehing malaikat ing langit puniki damele anjaga mega kalayan angin lan anurunaken udan lawan den kibaraken sawiwine kang geni punika dados kilat kalawan gelap lan den kibaraken suwiwi kang toya pinika dados awan” maka liwa t isun saking iku anemu isun ing segara kaliwat luwih jembare lan luwih gedhe ombake lan banyune aputih maka nuli takon isun ing Jabarail “segara punapa puniku arane” angucap Jabarail “ya Muhammad segara puniki anataraning langit kalih wastane Abriyah kang sinamburataken ing sakehe wong kang padha satumune Allah taala ugi ingkang langkung wikan” maka liwat isun saking iku tumeka ing langit kang kapindho sun tingali langit││
  22. ││awatara lakon laming tus tahun anatarane pon samono uga maka anjaluk lawang Jabarail “he Malaikat Khoil wengakena lawang iki” maka sumahur Khoil “saka iku” angucap Jabarail “isun Jabarail” maka gelis-gelis winengakaken lawang iku nuli angucap Malaikat Khoil “ya akhi Jabarail sapa rowang tuwan puniku dene kaliwat luwih becike wadane manjerong cahyane” maka angucap Jabarail “rowang isun iki kakasihing Allah Nabi  Muhammad tuwusaning Allah kang sinutah ing lawang langitira iki” maka gelis-gelis awe salam Malaikat Khoil ingisun “ ya Muhammad kaliwat luwih sihing Allah dhateng tuwan boten wonten ingkang rumuhun tingkah kang dados tuwan punika” ingkale amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanaman tamannan bil qudlati wal qaharal ibadibil mauti wal fanai” maka liwat isun saking iku aningali malaikat pira-pira malaikat oranana kang angaweruhi kehe││
  23. ││anging Allah subhanahuwataala kang angawikani lan tingkahe malaikat iku abagi-bagi sawane ana kang arukung sawane ana kang asujud sawane ana kang amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanalarimi akrim ujanal waritsi wasii subhanal azimil azam” maka liwat isun saking iku atetemu isun kalawan malaikat sawiji arane Ismangil maka gelis-gelis awe salami sun ing malaikat iku nuli den jawab salami sun iku sembari mesem lan isun iku den rangkul den ambungi sirah isun sarwi angucap “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah subhanahuwataala dhateng tuwan” sarta amaca tasbeh “subhanamanu subhana badiul ahad subhana mubdiul hayyul mumitsu” sawuse liwat isun saking iku anemu isun ing malaikat sawiji sirahe iku pitungpuluh cangkem kang cangkem sawiji pitungpuluh ilate kang ilat sawiji pitungpuluh pujine mangkene unine “subhanakholiqiadzim subhanallah wabihamdi” nuli││
  24. ││isun takon ing Jabarail “sapa malaikat puniki wastane” sumahur Jabarail “ya Muhammad wastane puniku malaikat kang kinon dening Allah subhanahuwataala andum riski ing sakehing kawulaning Allah subhanahuwataala” maka liwat isun saking iku anemu isun ing segara sawiji kaliwat luwih jembare lan banyune ijo warnane lan kahideran segara iku dening pira-pira malaikat eshap maheshap oranana angaweruhi ing kaya malaikat iku anging Allah subhanahuwataala kang angawikaning maka liwat isun saking iku nemu maning isun ing segara kaliwat luwih jembare lan jerone la nana pinggiring segara iku pira-pira malaikat ana kang …….. ana kang angadheg bala kacahya malaikat iku padha lan wiwilanganing ……ning segara dunya nuli takon isun ing Jabarail “lahutan pundi punika tiga” maka liwat isun saking iku teka isun ing langit kaping telu lalangit iku wesi purasani kang acahya kuning lan kendele langit iku awatara lalakon limang atus tahun antarane pon samono uga││
  25. ││lan arane langit iku Mangun maka nuli anguwuh-uwuh Malaikat Jabarail anjaluk lawang “he Bangil wengakena lawang iki” maka angucap Malaikat Bangil “sapa iki” nuli sumahur Jabarail “isun Jabarail” maka nuli gelis-gelis den wengakaken lawange iku nuli manjing Malaikat Jabarail iku maka sarta isun nuli angucap Malaikat Bangil “tuwan kaliwat luwih ya adhi Jabarail sapa rowang becike wadane lan manorong cahyane” sahure Jabarail “he Bangil apa ta ora sira kaweruhi tulis ing lawang langit iku iya Nabi Muhammad shalahualaisalam kakasihing Allah subhanahu wataala sinelir nabi kabeh” ngucap Bail “apa iku angandhikan dening Allah subhanahu wataala” angucap Jabarail “anut yen Nabi Muhammad ingadhikan” nuli geli ……… salam malaikat iku ing ingisun jawab salame ku nuli angucap malaikat iku ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng tuwan karna tuwan kang linewih saking umat Adam sawijine orana kang kadi tuwan” nuli amuji malaikat iku││
  26. ││ing Allah mangkene pujine “subhanallahi maliki wahabi subhana ghathi adzim subhana mujib dual” maka sun tingali ana sartane malaikat iku rong ewuh pangulu kang sapangulu iku rong laksa bebekalane ingkale padha anyekeli malaikat ing tangkebe lawange maka liwat isun saking iku atetemu kalawan Nabi Yusup alaihi salam nuli gelis-gelis isun iku awe salam nuli den jawab salami sun iku dening Nabi Yusup ingkale suka-suka manahe Nabi Yusup ing Allah subhanahu wataala mangkene pujine “subhanal karimi alkarami subhanal jalihi ajali subhana firdiwitri” maka liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat wolungpuluh ewu pangulu ingkale padha asujud malaikat iku kabeh eshap-eshap padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanakholiqil adzimi subhanaman ala qadarnahu subhana aliyil adzim” maka liwat isun saking iku atetemu isun kalawan Nabi Daud alaihi salam lan Nabi Sulaiman alaihi salam maka gelis isun iku awe salam ing karone iku nuli den jawab salam isun││
  27. ││iku dening karone iku nuli ajawatangan karone iku kalawan hamba ingkale padha angucap karone “ya Mughammad shalahualaihiwasalam kaliwat luwih sihing Allah taala ing tuwan boten wonten lampah kang kadi tuwan” nuli amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanakholiqi nuri subhanaraniqil wahabbi subhana maliki adzar subhana qahiril halaqi subhana shiri ilaighi umuru” tasbehe Nabi Sulaiman mangkene abane “sbhana kholiqi nuri subhana nurinaqakulli nuri subhanatawabi wahabi subhana arritsidi iqabi” maka liwat isun saking iku anemu isun ing malaikat sawiji ingkale anglungguhing luhuring kursi la nana malaikat iku sirahe pitung laksa kang sirah sawiji pitung pitung laksa rarahi kang sawiji rarahi pitung laksa cangkeme kang cangkem sawiji pitung laksa ilate kang ilat sawiji pitung laksa pujine kabeh iku padha amuji ing Allah subhanahu wataala mangkene pujine “subhanajabbari pakakulli jabbarihin subhanahu mustaqimin wamin daaihu” maka nuli takon isun││
  28. ││ing Jabarail “ya Nabarail malaikat puniku sinten wastane lan punapa damele” maka ngucap Jabarail “ya Muhammad malaikat puniku watane Shabil damele mider nakeni ing manusa sakehe kang sami tekabur karna wong tekabur puniku luwih sanget siksane benjing ing dina qiyamat” maka liwat isun saking iku maka anemu isun segara kaliwat luwih gedhene lan aderes banyune nayata isun atakon ing Jabarail “ya akhi Jabarail segara pundi lan segara punapa wastane” maka angucap Jabarail maka “ya Muhammad segara puniki antaraning langit kapit pat kang enggene aniksa umat Nabi Enuh alaihi salam wastane segara punika Saqim” liwat isun saking iku teka isun ing langit kaping pat la nana iya langit kaping pat iku selaka kang aputih kaliwat luwih cahyane arane langit iku Aun lan kandele langit iku watara lalakon limangatus tahun antarane pon samono uga lan arane malaikat kang atunggu lawange iku Shabil rupane kaya Jaran nuli anguwuh Malaikat Jabarail maring kang atunggu lawang Malaikat Shabil wengakena lawang iki maka sumahur Malaikat Shabil “sapa iki” ││
  29. ││ngucap Jabarail maring kang atunggu lawang “isun Jabarail” ngucap maning Shabil “sapa tuwan rowang isun Nabi Muhammad kakasihing Allah subhanahu wataala” maka gelis winengakaken lawange iku manjing Jabarail iku sarta isun maka sun tingali malaikat kang anyekel ing lawang iku limangatus pangulu ingkale padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhana khaliqidhulumati wannur subhana khaliqi syamsi wal qamari” maka nuli awe salami sun ing malaikat iku kabeh maka den jawab salamisun iku dening malaikat iku ingkale padha angucap ingisun “yqa Muhammad punika Nabi Musa alaihi salam sahe dika aturi salam” maka gelis isun iku angaturi salam maka gelis den jawab salami sun sarta ajawatangan kalawan isun ingkale andhiluk││
  30. ││angambungi sirah isun ngandika isun “ya Muhammad habibullah kaliwat luwih nugrahaning Allah taala maring tuwan kalayan maring umat tuwan marang panenedhane sakehe umat tuwan dinulurun dening Allah subhanahu wataala” nuli amaca tasbeh Nabi Musa alaihi salam mangkene tasbehe “subhana kayari subhana madali man yatsa subhana ghofurrahim” maka aliwat isun saking iku aningali isun ing malaikat padha alungguh padha amaca tasbeh lan luwih maning sewarane mangkene tasbehe “subhana nuri” maka liwat isun saking iku aningali malaikat sawiji alungguhing korsi angadhepaken ing Lohin Mahfudz sun tingali malaikat iku papat rarahine ana ingarep ana ing tengene ana ing burine ana ing kiwane nyata atakon isun ing Jabarail “ya akhi Jabarail sinten wastane malikat puniku” nuli angucap Jabarail “ya Muhammad puniku malaikat Ijrail kang kinon dening Allah taala angalap nyawaning sakehing makluk kang sampun dhateng ajale” nyata angrungu isun ing jawabe Jabarail mangkana isun iku awedi maka nuli ngucap Jabarail││
  31. ││ingisun “ya Muhammad sampun tuwan wedi malih tuwan aparinga ing malaikat iku salam” nuli gelis-gelisisun iku awe salam anging ora den sahuri lagi den deleng isun iku pon ora maka nuli angucap Jabarail ing malaikat iku “ya Ijrail mulane pakanira ora mangsuli ing salame kakasihing Allah apa ora angaweruhi pakanira iku yen Nabi Muhammad iku kakasihing Allah kang linewih saking para nabi kabeh lan kang dipadakaken wiwitaning saking sakehe kadadiyan saking pitung langit lan pitung bumi sarta isine karone” maka sawusing angucap mangkana Malaikat Jabarail nuli Malaikat Ijrail iku amangsuli ing salami sun sarta ajawatangan kalawan isun ingkale becik warnane lan becik sabdane kang maring isun anging sun tingali Malaikat Ijrail iku anenu wirong andeleng ingisun ingkale angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat langkung nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng boten amanggih kawula ing satunggal nabi angsal nugraha ingkang kadi tuwan lan dhateng umat tuwan” nuli amuji Alhamdulillah maka nuli takon isun Ijrail “ya malaikat mati karna apa rarahi tuwan││
  32. ││puniku papat” mangka angucap Ijrail “ya Muhammad habibullah mila rarahi hamba kang ingajeng puniki engge ngadhep kawula dhateng para nabi kalaning ajeng angambil kawula ing arwahe kerena rarahi kawula ingajeng puniki dados amadhangaken ing cahya kalayan dados teteranging tiyang kang angsal rahmating Allah subhanahu wataala maka rarahi hamba kang tengen puniki engge madhep hamba dhateng para wali kalayan para amukmin kalaning kawula ajeng angambil arwahe rarahi kawula kang kiwa puniki engge angambil rohe titiyang Yahudi kalayan titiyang Nilaihi salamharani karna apeteng cahyane rarahi kawula kang buri engge angambil nyawaning sakehe titiyang kapir kalayan rerehan hamba kang rarahi satunggal malaikat gangsal nambangpangulu kang sapangulu rerehanipun gangsal nambang malaikat kang malaikat satunggal gangsal nambang tanganipun ingkali sami anunulis dhateng titiyang punika kang sampun dhateng ajalipun kaserahajen ing hamba maka lamon titiyang gangsal rahmating Allah rarahi hamba kang ingarep hamba tingalaken maka dados cahya tityang puniki lamon punika rarahi││
  33. ││hamba kang ing wuri hamba tingalaken dados peteng cahyane wong punika” mangka jawabe ingisun maka nuli amaca tasbeh Malaikat Ijrail iku mangkene tasbehe “subhanaman taana nabi qudtahiwal baqaiwal qahara ibabil mauti walfanai subhana faalu lima yuriduna subhanamumitu khala qawala yakhutu” maka liwat isun saking iku aningali isun segara kaliwat luwih putihe banyune maka atakon isun ing Jabarail “ya Muhammad punika lahute ataraning langit kaping lima kang wasta Jamhari” maka liwat langkung adheme toyane engge ananggelem titiyang kang takabur kang asih ing dunya ing riku den kelemaken wong puniki” maka liwat isun saking iku teka isun langit lima la nana langit kaping lima iku saking emas kanga bang gumilang gilang cahyane padha angling kandele langit iku lalakon limangatus tahun antarane pon samono uga lan arane langit iku Ritqowa maka nuli anguwuh-uwuh malaikat anjaluk lawang kecape Jabarail “ya Malaikat Israfil wengakna lawang iku” ││
  34. ││sumahur kang tunggu lawang “sapa iku” sumahur Jabarail “isun Jabarail” maka gelis-gelis den wegakaken lawang iku nuli manjing Jabarail iku sarta isun nuli takon malaikat kang tunggu lawang iku ing Jabarail “sapa rowang tuwan punika” sumahur Jabarail “wong isun puniki Muhammad habibullah iya ika kang tinulis ing lawang langit ira iku” maka gelis-gelis Malaikat Israfil iku awe salam ingisun maka nuli sun jawab sun tingali Malaikat israfil iku rpane kaya widure nuli ajawatangan kalawan isun sarta angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng tuwan” maka sun tingali sartane Malaikat Israfil iku limamng ewuh malaikat kang sawiji malaikat padha anglimang ewuh tangane anyekeli ing tatangkebe lawange iku sarta padha amaca tasbehe mangkene tasbehe “subhana maliki qudusun” ││
  35. ││maka liwat isun saking iku aningali isun ing wong lanang papat lan sawiji lanang maka nuli angucap Jabarail iku ingisun “ya Muhammaduninga tuwan ing tityang punika” maka ujarisun “ya akhi Jabarail hamba dereng wikan” maka nuli den weruhaken isun “ya Muhammad punika Nabi Ibrahim habibullah kalawal Ismail kalayan Nabi Isaq lan Nabi Yakub kalayan Nabi Luth alaihi salam” maka gelis-gelis isun iku asung salam ing nabi iku kabeh nuli den jawab salam isun iku dening nabi iku kabeh ingkale awatangan kalawan isun iku sakabehe nuli padha angrangkul-rangkul ingisun ingkale padha angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat sihing Allah nugrahaning Allah datheng tuwan dening linewih saking hamba kabeh” ingkale padha amaca tasbeh nabi iku mangkene tasbehe “subhanarabbul arsyi adzim subhanaman lanasifu ahadu wamaa tashifuana mulkumuntaha subhanaman latshifu ahadum min gablihi” maka liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat sawiji ingkale││
  36. ││tapakur tumungkul orana kang den tuli sawiji-wiji iku anging tumungkul maka takon isun ing Jabarail “ya akhi Jabarail akarya punapa malaikat puniku tumungkul” angucap Jabarail “ya Muhammad malaikat iku orana karyane anging tumungkul tapakur amuji ing Allah subhanahu wataala” maka isun angrungu ing tasbehe malaikat iku unine “subhanakarim lakrami subhanakarimil adzim subhanalazi laisa kamitslihi syaiahuwassamiul alim” maka liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat sawiji alungguh ing korsi kaliwat dening hamba ebat ningali saking gedhene lan gambira tingkahe upamaning langit lan bumi sarta isine pisan yen den kepela dening malaikat iku kakepel lan rerehane iku malaikat nem ewuh pangulu kang sapangulu sawiji nem ewuh bebekelane bebekekelane bebekel sawiji nem ewuh tangane ingkale padha anggawa ecethi saking api neraka maka takon isun ing Jabarail “punapa││
  37. ││ta karyane malaikat puniku sami anggawa camethi saki api neraka” angucap Jabarail “ya Muhammad puniku padha aniksa wong kang salah pangucape kang boten angetokaken ing hadits dalil kang ing dalem Quran kaya pangandikaning Allah taal “wamamin ilahin illalah wahidun” tegese oranan Pangeran kang sinembah sabenere anging Allah taala” lan angrungu isun ing tasbehe mangkene tasbehe unine “subhanawahidilahad subhana shamadul wahidi subhanalazi lamyalid walam yulad walam yakulahu kufuwan ahad subhanaman lais kamistlihi syaiun wahuwassamiul adzirun” maka liwat isun saking iku ningali isun ing segara api kaliwat luwih gedhene urube lan ombake kadi guruh gela kang anambar suwarane nyata gumeter awak isun mula-mula teka ing arep rubuh saking sanget ebate ati hamba maka gelis-gelis deb cekel isun dening Jabarail sarya angucap “ya Muhammad sampun tuwan wedi aningali segara puniku tuwan tetepaken manah tuwan sampun ebahing manah mapan sakehe sawiji-wiji puniku dinadosaken dening Allah subhanahu wataala kerana tuwan” nyata ilang││
  38. ││ebate atiningsun ing rungu pangucape Jabarail maka liwat isun saking teka isun ing langit kaping nem la nana iya langit iku mutiyara kang aputih kaliwat luwih cahyane kandele lan langit iku lalakon limangatus antarane pon samono uga lan arane langit iku Rapan maka anguwuhi Malaikat jabarail maring kang tunggu lawang “he Malaikat Kamkhail wengakena lawang iki” sumahur kang tunggu lawang “sapa iku anjaluk lawang” sumahur Jabarail “isun Jabarail” sapa rowang tuwan” isun Muhammad habibullah” maka gelis-gelis diwengakena lawange iku nuli manjing Jabarail iku sarta isun lan takon kang tunggu lawang iku ing Jabarail “sapa manusa iku kaliwat luwih becike rupane nembe ningali hamba ing cahya kang kadi puniku” angucap Jabarail “he Kamkhail apata ora kaweruhi tulise ing lawang langit iku iya iku Nabi Muhammad Rasulullah kakasihing Allah subhanahu wataala” nuli gelis-gelis awe salam ing isun nuli sun jawab salame iku sun tingali Malaikat Kamkhail nuli angucap ingisun “ya Muhammad││
  39. ││kaliwat luwih nugrahaning Allah Taala ing tuwan” lan sun tingali rerehaning malaikat iku sewuh pangulu kang sapangulu rerehane nem ewuh ingkale padha anyekel ing lawange sarta amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanajabbari karim subhananuri muniri subhanarabi samawati walardhiwarabuh arsyil adzim” maka liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat pira-pira malaikat ingkale padha angadheg eshap maeshap orana kang weruh ing kehe anging Allah subhanahu wataala kang angawikani padha amaca malaikat iku kabeh ing tasbeh mangkene tasbehe “subhanaman tusabbihu lahuhamumufi manamiha usabbihu lahuthiyu rifi asyjariha subhanaman tusabbihu lahulburudi faminika” maka liwat isun saking iku aningali ing malaikat sawiji kaliwat luwih gedhene lan gambirane luwih saking malaikat kabeh lan metu geni saking cangkeme lan saking irunge pating semburat muntah sun tingali lan orana pegate kaserengan nyata isun iku awedi lan gumeter – isun saking sanget ebate atinisun││
  40. ││andeleng malaikat iku nuli angucap Jabarail ingisun “ya Muhammad sampun tuwan wedhi sampun ebating manah” nuli sun tetepaken atinisun eling kangawasaning Allah subhanahu wataala nuli takon isun ing Jabarail “sapa arane malaikat punapa kang denadhepaketn puniku” angucap Jabarail “ya Muhammad wastane malaikat puniku Raqibunnar kang den adhepaken puniku para aniyup api neraka ya Muhammad tuwan asunga salam” nyata isun iku aweh salam nanging ora den sahuri salami sun iku nyata angucap Jabarail ing malaikat iku “ya Raqibunnar mulane ora den sahuri salame Muhammad iku apa ora tuwan kaweruhi yen Nabi Muhammad iku kakasihing Allah subhanahu wataala kang linewih saking para nabi kabeh-kabeh” sawuse angucap mangkana Jabarail nuli gelis-gelis malaikat iku anjawab salami sun sarta ajawatangan kalawan isun sambari angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah dhateng tuwan orana nabi kang kadi tuwan punika” amaca tasbeh││
  41. ││mangkene tasbehe “subhanaman tathiman yalaihi salamyau jannatunaim subhanallazilita kamistlihi syaiun wahuwassamiul adirun” maka ngucap isun ing Jabarail “ya akhi Jabarail tuwan kalayan Malaikat Raqibunnar punika aniyup api neraka hamba ajeng uning tingkah api neraka” nyata kawan Jabarail iku ing Malaikat Raqibunnar aniyup ing sasangkane darapon weruha isun nuli matur Malaikat Raqibunnar “ya jabarail yen ta hamba tiyupa sasangka punika yakti kaget sakehe tiyang kubur den sangka qiyamah” angucap Jabarail “ya Rabibunnar tiyupen uga sadhidhik Muhammad habibullah ayun uninga” nyata den tiyupaken sasangkane iku cangkeme dawaning sasangka iku awatara lalakon satus tahun nyata den tiyupaken sasangka iku ing api neraka sadhidhik bareng muni sadhidhik …. Isun gumeter teka ing rubuh saking ebate atinisun maka geli Malaikat Jabarail iku anangekaken ing isun lan neraka iku padha kaget kabeh den arani qiyamah maka sawuse liwat saking iku atetemu isun││
  42. ││kalawan Nabi Nuh lan Nabi Idris alaihi salam padha isun aturi salam karone iku nuli gelis-gelis den jawab salami sun dening karone iku sarta iku den rangkul den ambungi sirah isun sarya angucap karone iku ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng tuwan lan padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanamujibullailana subhanalaliyul jabarati subanaraufi allazifu subhanalazizulkarimu subhanalaliyul adzim subhanalqadirulqadir” maka sawuse liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat sawiji alungguh ing korsi ingkale angadhepaken Teraju ambane cacangkoke padha lan ambaning langit dunya iki dawaning watangane kang sasisih awatara lalakon limangatus tahun maka takon isun ing Jabarail “sapa arane malaikat puniku lan punapa damele malaikat puniku” angucap Jabarail “ya Muhammad arane malaikat puniku Ismangil damele animbang kabecikaning tiyang lan awone lamon werat ing becike wong puniku malebet││
  43. ││ing sawarga lamon werat ing alane wong puniku kalebetaken ing naraka” maka gelis-gelis isun awe salam nuli den jawab salamisun sarta angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning allah subhanahu wataala dhateng tuwan” la nana rerehane Malaikat Ismangil iku limang laksa malaikat ingkale padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanasyidilahadi subhanafardisahadi subhanarabi qullsyainfahalqihi subhanaman yakfilu syaiun kafini wama fukhfisudur” maka sawuse liwat isun saking iku aningali isun ing lahutan sawiji kaliwat luwih jembare orana ingkang amadhani segara kang akehe ing gedhene ombake kaliwat luwih amemedheni nyata isun iku gumeter awak isun saking sangeting ebat aningali angucap Jabarail ingisun “ya Muhammad sampun tuwan wedhi tuwan tanganaken manah tuwan nyata isun tetepaken atinisun eling ing pangawasaning Allah subhanahu wataala” dadi ilang wedinisun maka liwat isun saking iku teka isun ing langit kapitu││
  44. ││maka sun tingali langit iku manikem kaliwat luwih cahyane arane langit iku Kapun kandele awatara lalakon limangatus tahun ambane pon sampno uga maka anguwuh-uwuh Malaikat jabarail ingkang atunggu lawang kecaping Jabarail “he Malaikat hail bukaken lawang iki” sumahur Hail “sapa anjaluk lawang iku” angucap Jabarail “isun Jabarail sapa rowang tuwan” rowang hamba Muhammad habibullah” apa ingadikan Muhammadiku” atut MUhammadiku ingadikan” nuli gelis-gelis den wengakaken lawange iku nuli manjing Jabarail iku sarta isun lan nuli isun iku awe salam ing Malaikat Hail iku nuli den jawab salamisun iku sarta ajawatangan kalawan isun lan agucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning aihing Allah subhanahu wataala dhateng tuwan ora nabi kang liya oleh nugraha kang kadi tuwan” sun tingali rewange Malaikat Hail iku pitungpuluh malaikat pangulune balaka ingkale padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanarrasyidilahadi subhanalfarid shamadi││
  45. ││subhanarabbi kulla syain subhanaman layakfi wakafiyati wamatuhifsadur” maka sawuse liwat isun saking iku ningali malaikat luwih kaya saking kang dhihin malaikat pira-pira malaikat ingkale padha amuji ing Allah isun kheran aningali dening padha abagi-bagi tasbeh atengah malaikat mangkene tasbehe “subhanakhaliqi alim subhana muhtjaba linuri jamalihi subhanamashawiru fi arhamih” kang samene malaikat mangkene tasbehe “subhanadinulkiwalmalakuti subhanadi izzati wal adzmati wal qudrati walhaibali walkibri yai wasulthani wal balali wal jamali waljabaruti subhanamulki hayillazi laytumu subuhun qudusun rabbuna warabul malaikati warruhu” maka liwat saking iku aninggali isun ing malaikat sawiji sewuh sirahe sawiji sweuh rarahi sawiji sweuh cangkem swiji sewuh ilate kang ilat sawiji sewuh pujine kang satengah puji mangkene tasbehe “subhananuri fauqakullinuri subhanaman ulumiwafi syarafihi minnuri wafisulthanihi qawiyun subhanarabi kullisyainkhalqihi” sawuse││
  46. ││liwat isun saking iku anemu isun ing segara sawiji kaliwat luwih jembare banyune putih la nana ing pinggiring segara iku malaikat sawiji pitung laksa sirahe kang sirah sawiji pitung laksa rarahine kang rarahi sawiji pitung laksa cangkeme kang cangkem sawiji pitung laksa pujine maring Allah taala kang satengah puji mangkene tasbehe “subhana khalaqul adzimi subhana ahjabubiqauli subhanamusalallahu alaihi wasalamirul arhamullah” gawene malaikat iku adus nang segara iku sadina-dina ora lahuri kang awake lamon mantalaihi salam den kibaraken sawiwine iku banyune kang tumetes saking elare iku dadi malaikat saban-saban tetes sawiji dadi malaikat sawiji ingkale padha amaca tasbeh mangkene “subhanalilahima adzamu fainaka sayidi maala subhana sayidi rahmukalikhalqika subhanaka sayidi maadabika ala khalqika” sawuse liwat isun saking iku aningali isun ing malaikat sawiji alungguh ing korsi la nana malaikat iku papat rarahine sawiji rarahi manusa kapindho lembu kaping telu rarahi singa││
  47. ││kaping pat rarahi jaran kabeh iku padha amuji ing allah subhanahu wataala kang rarahi manusa iku mangkene tasbehe “subhana izaila atahiwaman or daka atikawadzuriyatahu” kang rarahi lembu mangkene tasbehe “subhanaman tusabihu lahu thuyurifi auqariha subhanaman tasabahalahu wauhusyafina wajiha” kang singa mangkene tasbehe “subhanaman taalimi bighairi taali subhana khairaja ma filbarri wabahri” kang rarahi jaran mangkene tasbehe “subhanaman tasabaha hala kalamujamain” sawuse liwat isun saking iku atetemu kalawan malaikat kayah kaliwat luwih kayahe orana kang weruh kayahe aging Allah subhanahu wataala kang angawikani lan padha angabakti ing Allah taala malaikat iku kabeh abagi-bagi tingkahe awane angadheg ana kang rukung ana kang asujud ana kang alungguh eshap maeshap orana kang weruh ing kayahe eshape anging Allah subhanahu wataala kang angawikani ingkale padha sowawangan amaca tasbeh satema saking malaikat iku kabeh mangkene tasbehe “subhanaman yarjuhu quhala iqalilitifaqiha” sawuse liwat isun││
  48. ││saking iku atetemu kalawan malaikat sawiji alungguh ing korsi kaliwat luih gedhene malaikat iku sukune sasisi ana ing masyrig kang sasisi ana ing mangrib lan rowange iku malaikat pitung laksa pangulune ingkale padha amaca tasbeh mangkene tasbehe “subhanaquduun robunawarabbu malaikati waruhi subuhun qudusun lirabilalamin subhana mustajrimin khalqihi fallasyaumatarahu subhanasamiul alim”  atakon isun ing Jabarail arane malaikat iku angucap Jabarail “ya Muhammad puniku wastane Malaikat Israfil geya tuwan asung salam” nyata gelis-gelis isun iku awe salam nuli den jawab salamisun iku sarta ajawatangan kalawan isun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah ing tuwan orano nabi kang wineruhaken ing kagunganing Allah subhanahuwataala kang liyan saking tuwan mangsa Adam teka ing mangkin amung tuwan” ││
  49. ││maka nuli den serahaken isun iku dening Jabarail maring Malaikat Israfil lan nuli kandheg Jabarail iku inggon iku nuli angucap isun “ya akhi Jabarail kalapun tuwan kandheg hamba ora tuwan apisah kalawan tuwan” angucap Jabarail “ya Muhammad boten kongang hamba angetutake ing tuwan sampun dhateng ing wawangen hamba” Malaikat Israfil kang angluntekaken ing tuwan nuli den gawa isun dening Isrofil liwat isun saking iku anemu isun ing segara geni kaliwat luwihgedhene ombake murub muntab kaya gunung anamber-namber kadi gelap nyata isun iku gumeter ora duwe banyu sangeting apes awak isun nuli angucap Israfil “ya Muhammad sampun tuwan wedhihi tuwan tanahaken manah tuwan aningali ing karyaning Allah taala” nyata eling isun saking iku anemu isun ing segara kaliwat luwih irenge apeteng ing segara iku lan pira-pira malaikat kang padha angidheri ing segara iku lan pira-pira malaikat padha ing segara iku lan pira-pira tanpa wilangan anging Allah subhanahu wataala kang uninga ing││
  50. ││akehe lan padha sanget pujine ing Pangeran amaca tahlil lan tahmid kang gemuruh sewarane mala-mala sun arani qiyamah saking sangeting peteng pangralaihi salamunisun manusa kabeh wus padha mati nyata atakon ing Israfil “ya Muhammad segara puniku segara Rarahi wastane kang ahisi pari-pari malaikat tanpa wilangan lan segara punika piitu kehe ingkale sami kebek dening malaikat amuji ing Allah taala ambaning segara punika kang sawiji saking Masyrig dateng dhateng Magrib jerone pan samono uga” sawuse isun liwat saking lahutan peteng anemu isun ing padhang kaliwat luwih jembare orana kang weruh ing watese iku anging Allah taala kang ngawikani lan ahisi malaikat pira-pira orana kang weruh ing kayahe anging Allah taala kang ngawikani lan padha amuji malaikat iku kabeh ing Allah taala padha angabakti ing Allah ingkale abagi-bagi tingkahe lan abagi-bagi warnane ora kuwasa hamba yen awartakena││
  51. ││ing wijine lamon sun wartakena ing wartane isining antaraning langit sawiji-sawiji yekti entek umurisun kang sun wartakaken ora entek sawuse iku isun ing dhindhing Jalal tegese lalangse lan ana kehing lalangse iku sapuluh pangkat kang sapangkat iku kandhele awatara lelakon limangatus tahun antarane pon samono uga lemahe iku mutiyara kang saweneh lemahe emas ana kang alemah maka abagi-bagi lemahe iku sakabehe iku padha cahya nalika ing teka isun ing dhindhing kang kapisan anguwuh Malaikat Israfil ingkang ajaga lalangse “he Malaikat Muqarab bukaken lalangse iku” angucap kang atunggu lalangse “sapa iku” sumahur Israfil “hamba Israfil” takon maning kang jaga iku “apa gawe tuwan” ngucap Israfil “gawe hamba anggawa kakasihing Allah subhanahu wataala Nabi Muhammad shalalualaihisalam” apa ingandikan Nabi Muhammad” nyata gelis-gelis den buka lalangse iku nuli manjing isun iku sarta Malaikat Israfil ingkale kanthi tanganingsun││
  52. ││dening Israfil nyata kang tunggu lalangse iku “ya Israfil sapa rowang tuwan iku kaliwat becike wadane lan mencorong cahyane” angucap Israfil “ya Malaikat Muqarab iya iki Nabi Muhammad kakasihing Allah subhanahu wataala kang sinurat asmane ing lawang lalangse iki” nuli den cekel tangan isun dening Malaikat Muqarab ingkale angucap ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng tuwan orana nabi linewih liyan saking tuwan” nyata ngucap Israfil ingisun “ya Muhammad sampun tuwan ucul asta tuwan kalawan hamba” nuli angucap malaikat kang jaga lalangse “ya Muhammad boten kongan tuwan angluntekaken Israfil maring lalangse puniki” nyata ucul tangan isun saking iku den gawa dening malaikat iku ingkale den kanthi maka aningali isun ing takdiring Allah subhanahu wataala kang ana ing antaraning dhindhing kapisan teka ing dhindhing kapindha kaliwat luwih││
  53. ││legane lan abagi-bagi warnane ingkale padha acahya ora kuwasa hamba anurat ing wijine pakaryaning Allah taala maka liwat isun saking iku teka isun ing dhindhing kapindha maka nuli anjaluk lawang malaikat kang anggawa isun iku maring malaikat kang atunggu lawang iku maka sumahur kang atunggu lawang “sapa anjaluk lawang iki” sumahur malaikat kang anggawa ingisun sabdane “isun malaikat kang ajaga lawang dhindhing kapisan anggawa Nabi Muhammad shalahualaihisalam kakasihing Allah taala” sumahur ingisun sabdane “atut yen Nabi Muhammad angadikan dening Allah taala” maka nuli gelis den wengakaken lawange iku nuli den ulungaken tangan isun dening malaikat kang anggawa ingisun nuli gelis den tanggapi tanganisun iku dening malaikat iku kang anyekel ing tanganisun maka aningali isun ing kagunganing Allah taala kang ana ing antaraning dhindhing kapindho tumeka ing dhindhing kaping telu iku luwih││
  54. ││legane lan luwih abagi-bagi ing warnane saking kang dhihin maka liwat isub saking iku teka isun ing dhindhing kaping telu tingkahe malaikat iku anggawa ingisun apa kaya tingkahe malaikat kang dhihin maka isun teka ing dhindhing kaping pat lan ing dhindhing lima lan dhindhing kaping nem kaping pitu kaping wolu kaping sanga kaping sepuluh pon mangkana uga tingkahe anggawa ingisun dene Allah kang andadekaken ingisun nekakaken uga ingisun ing lalangse kang kaping sepuluh maka awak ingsun iku gumeter saking sanget wedi ingisun ing Pangeran aningali kagunganing Allah subhanahu wataala nuli angucap malaikat kang anggawa isun “ya Muhammad sampun tuwan gumeter tuwan tetepaken manah tuwan aningali kagunganing Allah” nyata meneng isun sasanget antepaken atinisun sawuse iku aningali isun ing malaikat iku pira-pira malaikat padha angiringaken orana kang weruhing kayahe anging Allah taala kang angawikani maka angucap malaikat iku ingisun “ya Muhammad Parmanullah taala││
  55. ││tuwan linggiya ing malige puniki” nyata munggah isun ing malige iku alungguh nuli den gawa isun dening malaikat iku den iring dening malaikat iku kabeh lan sakehe unen-unen iku padha angering orana ing dunya iki unen-unen kang kadya mangkana dening kaliwat luwih gaibe takdiring Allah taala saking sangeting wedinisun ing Pangeran atemah lali isun sasanget sawuse isun teka isun ing Hadharatul Allah atinisun kaliwat luwih apadhang maka sapatingalan isun kalwan Allah taala maka banget suka cingtane atinisun amiharsa isun ing pangandikaning Allah taala ing dalil Quran “zabafuadu mara amin ayati qubra” tegese ora nyiwak barang kang den tingali dening ati iku sakehe tandhaning Allah taala ingkang agung nuli den cekel tangan iun dening Malaikat Muqarab den lungguhaken isun ing korsi Allah taala angandika ingisun “ya habibi ya ralaihi salamululah” nuli gelis-gelis isun iku ajawab “labaika aidaka baina yadaika” ││
  56. ││tegese hamba kawula tuwan wonten ngayunane tuwan nuli gelis-gelis isun iku angaturi salam ing Pangeran isun “atahiyatul mubarakatu shalawatu thayibatulillah” tegese Allah kang langgeng kang aweh berkah kang abecik kang sinembah ing dalem limang waktu kang sinebut ujar “la ilaha ilallah” maka Allah subhanahu wataala aparing salam ingisun “saamun alaika ayuhanabiyu warahmatullahi wabarakatuhu” tegese sira salamet ingatusira eling-eling nabi kang pinaringan barkah nuli Malaikat sira kang Muqarab iku kabeh awe salam “salamun alaina waalaibadillahishalihin” tegese salamet sira kabeh kalawan sakehe wong kang shaleh-shaleh nyata gelis-gelis angucap isun “asyaduanlailakailallah” tegese isun angaweruhi satuhune orana Pangeran kang sinembah kalawan saka benere kang wajib anane anging Allah taala maka Parmanullah taala “waashaduanna Muhammadar Rasullulah” ││
  57. ││tegese anyakseni satuhune Nabi Muhammad iku utusaning Allah kawulaning Allah kakasihing Allah nuli maca malaikat iku kabeh “allahuma shaliala Muhammad wala ali Muhammad” maka Allah aparing nugraha ingisun sangang ewuh ilmu kang telung ewuh iku den sakarepaken anurukaken pisan-pisan anging ingatasisun maka sawuse iku angandika Allah subhanahu wataala ing Malaikat kang Muqarab “he Malaikat Muqarabin gawanen kakasih isun Muhammad maring Israfil lan Jabarail kon anggawa maring sakmaring saka sawarga kang dadi panggonane kakasih isun Muhammad lan kang maning panggangone umate sakabehe” maka nuli gelis-gelis Malaikat Muqarabin iku nyekel ing tangan isun ingkale den gawa isun tumurun saking pangayuning Allah taala maka sawuse liwat saking aningali isun ing malaikat arupa ula arane malaikat││
  58. ││Hayatul Kubra ingkale angringkel ana ing Arasyullah sawiji sewuh ringkelan tatapi ula sawiji ugalan ana sirahe iku kang sirah sawiji sewuh rahine kang rarahi sewuh cangkem sawiji sewuh ilate kang ilat sawiji sewuh pujine ing Allah taala kang sawiji pujine mangkene tasbehe “subhanamanih tajaba bijabarutihi ankulikhalqihi fala syaiuntaaru” maka angucap Malaikat Muqarab ingisun “ya Muhammad tuwan rukukaken tasbehe ula puniku ing umat tuwan supaya luput ing sakahe panca bayaning sakehing kewan” maka liwat isun saking iku tetemu maning isun kelawan Malaikat Jabarail lan Malaikat Israfil ingkale taksih ana ing panggonane maka nuli gelis-gelis isun iku awe salam ing karone iku lan nuli den jawab salami sun dening karone iku maca shalawat karone iku ingisun “Allahuma shaliala Muhammad wala ali Muhammad” nuli angucap Malaikat kang Mukaqara maring Malaikat Israfil lan maring Jabarail sarta anerahaken ing tangan││
  59. ││isun maring Israfil “ya Jabarail Parmanullah taala ing tuwan karo iki Muhammad shalahualaihisalam tuwan gawa ing sawarga kinon aningali ing sakehe sawarga” maka nuli gelis-gelis Malaikat Israfil iku ananggapi ing tangan isun den gawa isun dening malaikat karone iku maring sawarga ing kale gelis-gelis sakedhap netra pon ora tumuli teka ing lawang sawarga maka malaikat Jabarail anguwuh-uwuh ingkang atunggu ing lawang “he Ridwan bukaken lawang iki” sumahur Ridwan “sapa anjaluk lawang iku” sumahur Jabarail “isun Jabarail lan Israfil” maka gelis-gelis den buka lawange iku nuli manjing Malaikat Jabarail lan Israfil iku sarta isun angucap Ridwan “ya Jabarail sapa rowang tuwan puniku kaliwat luwih eloke wadane lan mencorong cahyane” nuli ngucap Jabarail lan Israfil “ya Ridwan iki nabi kakasihing Allah taala kang sinelir saking nabi kabeh kang tinulis asmane ing sakehe lawang sawarga” maka nuli gelis-gelis awe salam ingisun sarta ajawatangan kalawan isun ingkale││
  60. ││Ridwan iku ingisun “ya Muhammad kaliwat nugrahaning Allah subhanahu wataala dhateng tuwan orana nabi kang linewih saking tuwan” nuli angucap isun Alhamdulillah nuli amaca tasbeh Ridwan iku mangkene tasbehe “subhanakhaliqil adzim subhanakirim alkaram subhanamujiru miman daalu jannatinaim” maka sun tingali Malaikat Ridwan iku rowange limang laksa malaikat pangulune kang sapangulu limang laksa rowange ingkale padha amaca tasbeh kaya tasbehe Ridwan maka liwat saking iku aningali isun ing sawarga ingkale luwih apik ora kuwasa isun yen turu ing warnane sawijine nedyane salawase isun panutur ing warn ane isining sawarga pon mangsa tutunggal paningal isun ing jroning sawarga iku malige ahewuh alaksan akethen orana kang weruh ing akehe lan ing parhane ing akehe anging Allah subhanahu wataala angiwikani ing akehe lan liwat luwih pelage lan cahyane││
  61. ││sategah malige kang kinarya iku kutiyara aputih abang ana kuning ana kang ijo satengah malige kang kinaryo jumanten kuning ana abang ana ijo ana putih abagi-bagi ingkang kinarya ingkale padha manjur cahyane lan satengah malige iku kang kinarya manikem putih ana kuning ana abang ana ijo ingkale abagi-bagi cahyane lan abagi warnane saweneh ana tahanana kang pinatik kalawan sakehe sosoca kang kadi-kadi kaliwat ing ajaib isun aningali lan ing jerone malige sawiji iku pitung laksa bilik ingkale oranana cahyane kang satengah bilik ana cahyaning emas ana cahyaning selaka kang ana kadi manikem ana kang jumanten anawa ratna abagi-bagi cahyane ing jeroning bilik sawiji iku pitung laksa kanthil lan ingamparan kathil iku kalawan para widadari ing luhuring kathil sawiji iku pitung laksa widadari ingkale abagi-bagi cahyane satengah widadari iku cahyane ana kang kadi srengenge ana kang kadi wulan kang kadi lintang dene kaliwat││
  62. ││luwih apadhang cahyane sawarga lan lemahe ing sawarga iku ngambar kasturi kaliwat luwih arum ambune lan sukete iku kang kumaka rikile iku mirah manikem jumanten mutiyara ingkale padha mancorong cahyane maka liwat isun saking iku aningali isun ing wiwitan saiji kaliwat luwih gedhene lamon angerapena ing jaran kang luwih banget pelayuine angideri ing kayu iku pitung ewuh tahun pon ora kahideran lan cahyaning kayu iku emas lan epange iku oranana cahyane satengah epang ana kang emas ana kanh selaka ana kang mutiyara jumanten ana manikem lan godhinge iku lamun ta runtuha salembar ing dunya iki yakti katutupan lan wohe iku kaliwat luwih akehe lan oranana rupane akare mencorong cahyane nyata atakon isun ing Jabarail alaikihi salam “kayu apa iku arane lan ewohe iku sapa ingkang mangan” angucap Jabarail “ya Muhammad││
  63. ││shalahualahisalam puniku Syajaratul Muntaha ingkang mangan uwohe punika sakehe umat tuwan kang maning sawarga umat tuwan kang mukmin kanga nut ing pangandikaning tuwan lan ing tabiat tuwan lan ingpanggawe tuwan” ya akhi Jabarail kadi punapa tingkahe umat hamba amangan uwohe kayu punika pon liwat luhure” angucap Jabarail alaihi salam “ya Muhammad shalahualaihisalam lamon akarep wong sawarga amangan barang kang den karepaken kayu puniku tumiwing uwohe ana ing ngarepe kanga rep amangan dhindhing inan padha mlaku pinangan dening wong sawarga kang amangan uwohe iku langkung nikmart ladat rasane” maka liwat isun saking iku anemu isun ing bangawan sawiji kaliwat luwih gedhene lan banyune iku aputih luwih saking banyu susu lan rasane iku manis luwih saking manis luwih saking madu lan pira-pira kali kang nuruhi bangawan iku ingkale warna-warna cahyane satengah kali iku cahyane kadi mutiyara ana kang kadi jumanten ana kang kadi manikem pelag-pelag warnane nuli takon isun ing Jabarail alaihi salam “bangawan apa││
  64. ││wastane lan punapa gawene” angucap Jabarail “ya Muhammad shalahualaihisalam bangawan punika wastane bangawan Tasnim badhe nginume titiyang sawarga rahose nimat ladat” liwat saking iku aningali isun ing telaga kaliwat luwih jembare lan luwih bening banyune rasane iku luwih manis saking madu babatu ing telaga iku watu mirah sinelan selan jumanten lan manikem kaliwat luwih pelage warnane lan susukete iku kungkuma lan kasturi kaliwat luwih arume ambune ing pinggiring telaga iku pira-pira malige lan luwih pelag warnane nuli takon isun ing Jabarail alai salam “telaga punapa iku wastane” angucap Jabarail “ya Muhammad shalahualaisalam telaga punika wastane Kautsar parantose adus umat kang maning ing sawarga” maka sawuse iku nuli sun den gawa metu dening Israfil lan Jabarail alai salam nuli amemekas Malaikat Ridwan ingisun “ya Muhammad ya Nabi Allah tuwan wartakena ing umat tuwan ing tingkah tuwan aningali sawargi amarullah dalem Quran” ││
  65. ││angucap isun “insya Allah he paman Abas” lamun den bagiya sawarga puniku wus bagi kang sabagi pon ora kuwasa hamba amartakaken ing sakabehe maka Israfil lan Jabarail iku anerahaken ingisun maring Malaikat Muqarabin lan den gawa isun maring Hadratullah takdiring Allah taala lali ing dhirinisun sasangat teka isun ing Hadhatullah atinisun apadhang nuli amiharsa isun ing pangandikaning Allah taala “ya habibi yaw us aningali ing sawarga isun” matur isun “ya rabbi ya maulai ya sayidi sampun hamba ningali ing agungan tuwan sawargi” maka Parmanullah taala “ya habibi iya iku ingbesuk panggonira lan panggone para nabi kabeh lan kabeh sakehe wong kang mukmin” Parmanullah taala ing Malaikat Muqarabin “gawanen kakasih isun Muhammad maring Malaikat Israfil lan Jabarail kon gawa maring neraka kon andeleng wawangunan ana ing neraka” maka nuli den cekel tanganisun dening Malaikat Muqarabin den gawa tumurun maring Israfil lan Jabarail maka tinemu malaikat karone iku takseih ana ing panggone nuli││
  66. ││gelis isun awe salam maring karone iku nuli den jawab isun dening karone iku lan padha amaca shalawat ingsun “allahuma shaliwasalim ala Muhammadin waala ali Muhammad” nuli angucap Malaikat Muqarab “Parmanullah taala ing tuwan Muhammad shalahualaihisalam gawaha ing neraka kinon aningali wawangunan kang ana ing neraka” sarta den serahaken tangan isun lan gelis-gelis Malaikat Israfil lan Jabarail anampani ing tanganisun lan nuli den gawa isun iku tumurun saking langit kaping pitu teka maring wekasaning bumi kaping pitu maka ningali isun ing lembu sawiji sungune iku ping pitung ewu kehe ingkale padha anyangga ing bumi lan angidhek lembu ing watu la nana watu iku numpang ing gigiring iwak lan iwak iku ana ing dalem banyu lan banyu iku kalaihi salamangga dening hawa lan hawa anyangga dening peteng maka liwat isun saking iku teka isun ing lawang neraka maka Jabrail alaihi salam anguwuh-uwuh ingkangf atunggu lawang “ he Malaikat Zabaniyah wengakena lawang iki” sumahur Zabaniyah “sapa ing││
  67. ││jabaning lawang iku” angucap Jabarail “isun Jabarail ingutus dening Allah subhanahu wataala” nuli gelis den buka lawange iku nuli manjing Jabarail iku sarta isun angucap Zabaniyah “ya akhi Jabarail sapa rowang tuwan puniku kaliwat luwih elok wadane mencorong tembe ningali cahya kang kadi punika” angucap Jabarail “he Zabaniyah apa ora siraakaweruhi Muhammad shalahualaihisalam iku linewih saking nabi kabeh iya iki kakasihing Allah subhanau wataala kang tinulis asmane ing skehing lawang langit lan sakehing lawang sawarga” nuli gelis-gelis malaikat iku awe salam ingisun sarta den cekel tanganisun iku den ambungi nusli sun jawab salame iku lan angucap Zabaniyah iku ingisun “ya Muhammad kaliwat luwih nugrahaning Allah taala dhateng tuwan” nuli angucap maning Zabaniyah iku ing Malaikat Jibril “ya akhi kulapun kakasihing Allah subhanahu wataala tuwan bakta meriki” ngucap Jabarail “Parmanullah taala kinon aningali ing warna-warnaning isen-isen││
  68. ││ning neraka” maka liwat isun saking iku aningali ing pangkat pangkating neraka la nana iya neraka iku ptung pangkat neraka Jahanam neraka Sangir neraka Huttamah neraka Hanam neraka Jahim beraka Qariah neraka Hawiyah kang pangkat sawiji iku ahisi pira –pira umah oranana kang weruh ing akehe anging Allah subhanahu wataala kang angawikani kang sawiji umah ahisi wisa pira-pira wisa kang mandi lamon den tetesena ing dunya iku satetes yakti mati kabeh isining dunya iku kang satengah umah ahisi sato gigilani ana kabeh ing kono gedhene sagajah-gajah kebeh iku jinising geni sawe muntab-muntab amemedeni nyata isun iku gumeter ora kuwasa obah saking sanget wedinisun nuli gelis den cekel tanganisun dening Jabarail sarya angucap ingisun “ya Muhammad sampun tuwan wedhi tuwan tetepaken manah tuwan” nyata sun tetepaken atinisun dadi ilang wedinisun kang satengah umah ahisi gagaman pira-pira gagaman oranana rupane ingkale landhep-landhep amemedheni││
  69. ││kabeh iku api neraka satengah ana umah iku ahisi balenggu ana gadha ana pukul abagi-bagi oranana rupaning siksa iku ingkale gedhe-gedhe lamon den kumpulena sakehe wesi ing alam dunya iki den gaweya siksa kang sangat lara iku mangsa dadiya saking gedhening siksa iku maka liwat isun saking iku aningali ing wiwitan sawiji kaliwat luwih gedhene la nana uwohe kayu iku kaya endhasing babi lan godhonge iku alandhep luwih saking landheping pedhang tohok tumbak keris nyata takon isun ing Jabrail alaihi salam “kajeng punapa iku wastane” angucap Jabarail “ya Muhammad shalahualaihisalam kajeng punika wastane kajeng Zakum uwohe dados panganane tetiyang neraka lamon amangan uwohe kajeng puniki dados geseng amberol wetenge wong puniku wohe punika api neraka kaya kang kasebut ing dalem Quran “inna syajarataraqum thaamul asyim” liwat saking iku aningali ing sawiji kaliwat luwih gehde banyune nanawuk awor uler api neraka││
  70. ││ambune kaliwat luwih amis abacin nyata atakon isun ing Jabarail alaihi salam “bengawan punapa iku wastane” angucap jabarail “ya Muhammad shalahualaisalam bangawan punika dados inume tetiyang kang wonten ing neraka lamon anginum wong kang wonten ing neraka ing toya punika ajur wetenge dados nanawuk toya punika api neraka lamon den tetesena banyuning bangawan punika satetes ing dalem dunya yakti lebur isining dunya punika dados lahutan bengawan punika kasebut ing dalem Quran “inna ladaina ankalan wajahiman wathaaman zaghusatin waadaban aliyan” he paman Abas abagi-bagi hamba aningali siksa ing dalem neraka ora kuwasa hamba angucapaken ing wiji-wijine warnaning siksa” ingkang apangkat den bagiya sapuluh abagi kang sabagi wong ora kuwasa hamba angucapaken saking agunging warnaning siksa lan atakon hamba ing Jabarail alaihi salam “ya akhi Jabarail ing pundi parnahe nyawane sakehing kapir” angucap Jabarail alaihi salam “ya Muhammad shalahualaihisalam ing sahandhaping bumi ingandhap││
  71. ││pisan karsa tuwan aningali parnahe nyawaning kapir” maka ngucap “hamba ora kuwasa hamba aningali nyawaning kapir kerana wus titipaken ing dalem neraka” maka nuli hamba den gawa metu dening malaikat karone iku saking neraka den gawa munggah maring langit den serahaken maning Malaikat Muqarabin nuli gelis-gelis anyekel Malaikat Muqarabin iku ing tanganisun nuli den gawa ing Hadharatullah nyata teka hamba ing pangayunaning Allah sarya matur hamba ing siksaning Allah asujud hamba ing pangayunaning Allah sarya matur hamba ing Allah “ya rabi ya mauli ya syayidi ya rabbalalamin tuwan tebehana kawula saking sakehe siksa kang sampun hamba tingali” maka Parmanullah taala “ya Muhammad kakasih isun orana sakehing siksa iku ing sira lan umatira lamon ana umatira iku angimanaken ingisun lan ing sira” maka amuji alhamdullilah maka Parmanullah taala “ya kakasih isun wartakena ing umatira barang kang sira tingali sakehe pakaryanisun lan agaweya pangabakti shalat ingisun seket││
  72. ││waktu ing dalem sadina sawengi lan puwasaha telung wula ing dalem satahun sira lam umatira” maka nuli gelis-gelis sujud isun ing ayunaning Allah matur ing Allah aubhanahu wataala “ya rabi ya maulai ya syayidi boten kuwasa hamba kalayan umat hamba angabakti sapunika” maka Parmanullah taala “ya Muhammad kakasih isun kongkonen umatira ashalat limang waktu ing dalem sadina sawengi lan puwasa ing dalem satahun” nuli tangi isun saking sujud isun karasa kawasa anglakoni shalat limang waqtu puwasa salama sawulan ing dalem satahun maka aningali isun ing tasbeh kang tinulis Arassullah mangkene unine “subhanamaliki jabbari subhana wahidilqahari subhana azizulghafari subhanakari mussattari subhana kabirul mutta ali subhana khaliqullaili wannahari subhanalazi lanyazal walayana” maka Parmanullah taala “ya Muhammad weruhana ing umatira atasbeh kang sira tingali kang ana ing Arassulah iku supaya sun apura sakehe││
  73. ││dosane” maka nuli matur isun ing Allah “yarabbi ya maulai ya syayidi punapa tingkah kawula lan umat kawula ing dalem dunya klang dados karidha tuwan” maka Parmanullah taala “ya Muhammad wong kang anerahaken awake ingisun ing barang panggawene lan pangucape iku kalewihanisun karidhanisun tatapi aja gawe nganiyaya ing padha-padhaning umat lan aja wedi den kaniyaya dening padhaning umat iku wong kapir ingisun” maka nuli sujud isun ing Allah anenedha muga-muga den olehe ing dunya maka Parmanullah taala ing malaikat Muqarabin “gawanen tumurun kakasih isun Muhammad maring Israfil lan Jabarail” maka nuli gelis-gelis den cekel tanganisun dening Malaikat Muqarab den gawa tumurun isun saking Hadharatullah maka aningali isun ing malaikat kayah ora karuan wiwilangane sakabehe iku amaca tasbeh mangkene tasbehe “sybhanadayimun qayimun subhanahayal qayyumu subhanal alil subhanallahi wabihamdih” maka liwat isun saking iku sakedhap netra pon ora nuli teka││
  74. ││isun ing dhindhing-dhindhing ingisor atetemu isun kalawan Malaikat Israfil nuli gelis uluk salam ingisun sarta gelis cekel ing tanganisun nuli sun jawab salame iku nuli Malaikat Muqarabin iku angucap “akhi Paemanullah taala ing tuwan kakasihing Allah Nabi Muhammad shalahualaihisalam kang linewih saking nabi kabeh tuwan gawaha tumurun ing dunya malih kalawan Jabarail” maka Malaikat Muqarabin iku amaca shalawat ingisun “allahuma shaliwasalim ala sayidina Muhammadin waala ali Muhammad” maka nuli tumurun isun sarta Israfil sakedhap netra pon ora nuli teka isun ing langit kaping pitu atetemu isun kalawan Jabarail nuli uluk salam Jabarail iku ingisun nuli sun jawab salame iku tumurun isun sarta malaikat karone iku sakedhap netra pon ora nuli atetemu isun kalawan Nabi idris alaihi salam lan Nabi Nuh alaihi salam ing langit kaping nem padha awe salam ingisun nuli sun jawab salame karone iku nuli maca shalawat karone iku ingisun liwat saking││
  75. ││iku nuli atetemu isun kalawan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismangil lan Nabi Isa lan Nabi Yakub lan Nabi Luth alaihi salam ana ing langit kaping lima padha uluk salam nabi iku ingisun nuli sun jawab salame nabi iku kabeh nuli maca shalawat nabi iku kabeh ingisun “allahumashali wasalim ala Muhammadin waala ali Muhammad” liwat isun saking iku atetemu malaikat mauti angulungi salam ingisun sarta amarani ingisun ajawatangan kalawan ingisun maka sun jawab salame iku nuli ngucap Malaikat mauti “ya Muhammad tuwan weruhaken ing umat tuwan tasbeh kang tuwan tingali ing Arasullah supaya olih rahmatullah ing dalem aherat” maka tumurun isun saking iku atetemu isun kalawan Nabiyullah Musa alaihi salam ing langit kaping pat awe salam ingisun maka gelis-gelis isun iku anjawab ing salame iku nuli angandika “ya Muhammad habibullah tuwan mandhega sasangat” nyata isun iku mandheg sarta ajawatangan kalawan isun nuli takon ingisun “ya habibullah tuwan ingandikan dening Allah││
  76. ││subhanahu wataala kaparentah punapa” maka atur isun “hamba kaparentah shalat ing dalem sadinten ping seket kalawan puwasa tigang sasi satahune nunten hamba sujud ing Allah subhanahu wataala matur boten kawasa hamba kalayan umat hamba angabakti sapuniku nunten Parmanullah taala dhateng hamba ya Muhammad konen umatira iku ashalat limang waqtu ing dalem sadina sawengi lan puwasa sawulan ing dalem satahun maka hamba sanggupi karahos kawasa umat hamba angabakti sapuniki” maka habiyallah Musa alaihi salam iku amaca shalawat ingisun “allahumashali wasalim ala Muhammad waala ali Muhammad” nuli takon isun ing Nabiyullah Musa alaihi salam “wonten pundi anggenipun sakehing para nabi kang sekethi kali laksa kawan nambang” nuli tumurun isun saking iku atetemu kalawan Nabi Dawud lan Nabi Yusub ingkale padha awe││
  77. ││salam ingisun nuli gelis-gelis sun jawab salame iku kabeh maka nuli amaca shalawat nabi iku kabeh ingisun “allahumashali wasalim ala Muhammad waala ali Muhammad” maka metu isun saking langit kapisan nuli angucap Malaikat Jabarail “ya Muhammad tuwan titiha malih Burak punika” maka sun tingali Burak iku den cekel kundhaline dening Malaikat Jabarail lan Malaikat Israfil iku wis anyekel ing aba-abahe maka sun tunggangi Burak iku ingkale suka-suka nuli angucap Jabarail “ya Muhammad tuwan tumedhak mangke ing Betal Muqadas” maka nuli den kibaraken isun dening Burak kaya kilat mala-mala ora weruh isun ing dhirinisun nuli angucap Jabarail “ya Muhammad tuwan hambila waqtu ashalat tuwan kalih rekangat salam” maka nuli awudhu isun nuli isun iku shalat kalih rakangat salam││
  78. ││bada shalat metu sun saking Betal Muqadas ingkale lumaku bahe maka nuli anemu ing aumah kayah lan wonge iku taqwa lan padha suci maka atakon isun “qome sapa iku kabeh” maka ajawab wong iku “hamba puniku qome bagendha Isa alaihi salam” maka isun iku akon ing wong iku kabeh syahadat ingisun nuli takon wong iku kabeh ingisun “sapa sinten tuwan” ujarisun “isun Nabi Muhammad shalahualaihisalam utusaning Allah subhanahu wataala” maka nuli angucap wong iku kabeh ing syahadat “asyaduanla ilaha illalah wasyahuduanla Muhammad rasullah” maka nuli isun iku anunggang Burak malih den kibaraken isun iku kaya kilat sasangat teka ing Mekah nuli den udhunaken ing umahe anak Abi Thalib sawusing mudhun isun saking Burak iku nuli munggahisun ing paturonisun malebet isun alungguh taksih enget nuli isun lungguh malih angucap Burak “ya Nabiyullah sampun tuwan lali jangji tuwan kalawan hamba” ngucap isun “insya Allah taala” maka Burak iku amit aingisun││
  79. ││kaya-kaya ora enak atine apisah kalawan isun maka Malaikat Jabarail kawon ashalat ingisun nuli ashalat isun rong rakangat salam mala Malaikat Jabarail lan Israfil iku pamitan ingisun lan sartane malaikat iku kabeh ingkale padha awe salam sarta maca shalawat ingisun maka nuli gelis-gelis isun jawab salame iku kabeh angandika bagendha Abas radiyallahu kalaning angandika Nabi Muhammad shlahualaihisalam anyaritakaken ing lakune tatkala ingandikan dening Allah subhanahu wataala ana wong sawiji qome Nabi Israfil ana ing jeroning Masjidil Haram angrungokake ing pangandikaning nabi tetkala mikraj maka wong iku ing jerone atine ora percaya mangsa temene sakahe pangandikan iku pon kesahe ora suwe maka nuli tumurun wong iku saking Masjidil Haram nuli maring pasar anemu wong adol manuk nuli den tuku manuk iku den gawa mulih ing umahe nuli angucap ing rabine wong wadon “iki manuk matengana lan sekul age││
  80. ││matengana isun angelih mangan den gelis-gelis isun arep adus dhihin” nuli lunga maring telaga anedya adus satekane ing telaga nuli ucul-ucul panganggo den selehaken ing pinggir telaha nuli adus agelem sajeroning angelem angrungu suwara kaya gelap maka kaget wong iku nuli timbul den tingali dhirine iku dadi wadon la nana iya ing desa liyan maka nuli ana wong lanang sawiji liwat ing pinggiring telaga den tingali ing telaga iku ana wong wadon ingkale ayu rupane nuli den ampiri wadon iku den takoni “he wadon sira wong ngendi sira iki lan apa gawenira iki ana telaga” maka wadon iku ora kuwalaihi salama jawab saking wirange aningali wong lanang iku saking sanget birahine wong lanang iku ing wadon maka den ulungi tangi wadon iku den entas digawa mulih ing umahe lanang iku dianggo rabi saking takdiring Allah taala parangan wadon iku pirang tahun olihe lagi teka ing anak-anak ping lima nalika iku wong wadon iku abali maring telaga anadya adus keramas││
  81. ││nuli angelem sajeroning angrungu suwara kang kaya dhihin nuli kaget bareng timbul awake iku dadi lanang maning dastar kulambine taksih ana ing pinggiring telaga maka gelis-gelis mentas nuli mulih katemu rabine lan during mateng sekule lan manuke during den olahi nuli angucap lakine iku mulane wong wadon iku “matengi sekul teka suwe temen” maka sumahur rabine “sakarepe kang kasrengen lamon iya arep kaserengan nangi isun ora gape nyata pira suwene wong lanang lunga adus sanalika lagi pon ora wus bali maning” maka nuli angucap lanang iku ing jerone atine baya mangkono tingkahe Nabi Muhammad shalahualaisalam ingandikan dening Allah taala isun lunga sanalika pon ora maring telaga den wehi pangrasan dadi wadon nuli lagi pisan pirang tahun kalakone duwe anaka lilima bareng abalining umah wong wadon bebethel during mateng dadine caritane Rasulullah shalahualaihisalam iku bener maka nuli gelis-gelis wong iku abali maning Masjidil Haram marek maring Nabi Muhammad││
  82. ││shalahualaisalam nuli sujud ing ayunaning nabi sarta tobat maka nuli angandika Rasulullah shalahualaihisalam “ya qom Nabi Israfil apa mulane tobat ingisun” maka nuli matur wong iku “tuwanku hamba munapek ing tuwan kakining tuwan angandika sarawuhipumn mikraj manah hamba boten percaya sareng manuk hamba ing sompok kenging paleme” den tutur salaku-lakune wong iku lagi ana ing telaga nuli angetokaken wong iku ing nabi angucap wongiku “satuhune cariyos puniku leres anut hamba ing tuwan satuhune tuwan nabi kakasihing Allah taala kang sinelir sakehing para nabi sedaya”│wong iku amaca syahadat “asyahaduanla ilaha ulallah wasyahadu anna Muhammadar Rasullulah shalahualaihisalam” lan nuli amaca shalawat nabi “allahuma shaliwasalim ala Muhammad waala ali Muhammad” tamat wasalam││
  83. ││fiyaumul jumuah fii syahrul muharam halal khamsah wawaasrun fii sanati zanim hijriyatun nabitsani watsulutsun maah badal faghufarullahu lana walakum wamasyai khona fiidin wadunya akhirah amin.

@@@

SULUK MARTABATING KANUGRAHAN


PUPUH
S  I  N  O  M 

  1. Martabating kanugrahan, tan lyan ingkang sabar ririh, lawan malih, ingkang su’al, pinten ing kanugrahan ing, makripat mongka nuli, saurana den agupuh, iya amung satunggal, ana ing ananireki, nenggih karsa rahsa misesa priyongga.
  2. Pinten martabat kareman, saurana tri prakawis, para mukmin karem apngal, karem sipat para wali, dene ta para nabi, edat pakaremanipun, lire karem dattollah, sring wanter ing asya nenggih, karem sipat sok wontena gumletheka.
  3. Lire karem apngallullah, sok wontena obah osik, yen sabit paningalira, nenggih kabuka sayekti, ing sipatjalal tuwin, jamal kamal kaharipun, dadine imanira, makbul gumlethek ing ati, dadi antuk sampurna yhakiming gesang.
  4. Pinten martabat ing nyawa, saurana dipun alis, kathah ing nyawa satunggal, pan iya mung roh ilapi, marmane mung sawiji, tegeeesing urip puniku, pan iya mung roh ilapi, marmane mung sawiji, tegesing urip puniku, pan iya mung satunggal, tanana urip kakalih, ingpasthine amung kahanan satunggal.
  5. Lamun sira tinakonan, pundi Allah padha mangkin, dipun inggal saurana,sapa kang angucap iki, aja ta sira malih, yen dudu sira Hyang Agung, sayekti kang den ucap, kang ngucap tan lyan Hyang Widdhi, nanging kudu weruha ing panarima.
  6. Anapon kang panarima, den kadi toya lan siti, lawan diun kadi udan, lawan dipun kadi siti, lan den kadi jeladri, kang kadi lemah lan banyu, den rumesep tegesnya, nora pegat kang rohkani, anadene kang tegese kadi udan.
  7. Dene tan pegat tingtalnya, anapon kang kadi wesi, sakarsanira parentah, den gaweya pangot lading, pethel wadung upami, nora owah sipatipun, eksih wesi kewala, dene kang kadi jeladri, ya ing ngriku uga.
  8. Puniku pasthi ang asal, ing ujar sakecap tuwin, laku satindak kalawan, kang meneg ing enggon nenggih, yen wus kadi jeladri,nora owah tingalipun, dulu-dinulu dhawak, tanana tingal kakalih, nora nana pangucap roro punika.
  9. Dadi salat kang sampurna, weruh paraning ngabekti, weruh paraning sembayang, benere nyata tan sisip, weruh paraning mosik, lan paraning ngenengipun, weruh paraning ngucap, lan weruh paraning myarsi, wruh paraning ngadeg wruh paraning lenggah.
  10. Weruh paraning nganindra, lan weruh paraning ngati, weruh paraning amangan, wruh paraning nginum warih, weruh paraning ngising. Weruh paraning anguyuh, weruh paraning asuka, lan wruh paraning prihatin, wruh paraning ngidul ngulon lawan ngetan.
  11. Weruh paraning mangandhap, weruh paraning manginggil, weruh paraning maminggir, weruh paraning ngaurip, weruh paraning kang lampus, kabeh ingkang gumelar, kang gumermet kang kumelip, nora samar weruh, paraning sadaya.
  12. Telas kang su’al masalah, poma kang sedya utami, aywa kakeyan sumbrana, den weruh paranireki, yen wus weruh den wirit, den asasab aywa umung, aja sawiyah-wiyah, nganggowa parah yen angling, lawan aja kawetu wong ahli sarak.
  13. Yen maido temah kopar, karana rarasan iki, nora amicara sarak, amung sajatining ngelmi, kang rerenteng riricik, tanana ingkang kaetung, lan malih ingsun kojah, padha anggiten ing batin, dadi wejang lamun sira bijagsana. Wejang dhateng Sultan Rum sekar Gambuh

 @@@

%d bloggers like this: